Ngupadi Kasampurnaning Hurip

Maret5, 2009

Semedi Ing Asepi

Diarsipkan di bawah: Campursari — Ngabehi @ 8:55 am

Swasana ingkang sepi menika sejatosipun anugrahing  Gusti Allah Ingkang Murbeng dumadi,  lan sedaya menika sanget ageng mumfangatipun kagem para tetiyang ingkang tansah ngudi kasampurnaning gesang.Tuladhanipun mekaten:

1. Tiyang ingkang kesayahen badhe ical sayahipun menawi saget sesarehan wonten papan ingkang sepi.

2. Tiyang ingkang gerah sakit badhe enggal saras menawi dipun paringi papang ingkang sepi lan asri kangge ngenggar enggar penggalih.

3. Mahasiswa ingkang badhe nempuh ujian badhe gampil anggenipun sinau menawi nyepi wonten papan ingkang sepi.

Ingkang sampun dipun jlentrehaken ing nginggil menika sedaya tembung ingkang wonten sesambetanipun kaliyan papan panggenan, inggih punika papan ingkang kawastanan sepi menapa jenjem lan tintrim.Nanging menapa saben papan ingkang sepi menika sakyektos saget nentremaken manah?Kasunyantan tebih saking bab menika. Wonten tiyang  lenggah ing papan ingkang sepi, ananging fikiran lan manahipun dipun ganggu kaliyan pengangen-angenipun. Gembrojog pindha pancuran ingkang tirtanipun dumawah saking papan ingkang hinggil. Menapa ta sebab musababipun fikiran saget hoyag hayig pindha lindhu ingkang ageng? Mboten sanes injih amargi dereng saget nguwaosi pengangen angen ingkang klambrangan kadosta setan brekasaan.Pengangen – angen ingkang klambrangan kalawau badhe nuwahaken pitakenan-pitakenan antawisipun:

- yen kaya mengkene iki terus piye?Lha yen kaya ngono terus dikapakne?.

-Kepiye yen mengko kedadeyan mengkene?Kepiye yen aku mengko ana kedadeyan kaya ngene?

- Yo uwis, yen ngono aku tak ngene, nanging “emoh ah”,mbok menawa mengko ana kedadeyan kang ora becik. Luwih becik aku atak ngono kae wae, nanging kok kaya ora becik uga. Wah yen ngono luwih becik tak meneng wae, weleh weleh nanging iki yo ora apik, iki mratandani yen uwong kang oranduweni percaya diri, anane mung sarwa was was. Ah embuh ah aku ora ngerti…..  .

Menika wau tuladha pengangen angen ingkang klambrangan, wonten malih gambaran – gambaran ingkang thukul saking prastawa-prastawa ingkang sampun kepengker. Raos getun geduwung,jengkel,dendam lan sakpanunggalanipun kados banjir bandang ingkang ngrontokaken manah. Prastawa2 gesang kita ingkang sampun kepengker ingkang karaos getir tansah mbanyu mili, nerak lan anjuwing juwing ati ingkang kirang tatag lan teguh. Lan wonten maleh fikiran ingkang tansah menggalihaken ingkang sifatipun kadonyan, ndadosaken batos mboten saget tentrem lan ugi sisah dipun leremaken lan dipun tentremaken. Wonten maleh pawongan ingkang atinipun tansah muwun amargi tansah mrangguli kedadosan ingkang nrenyuhaken, contonipun tansah nyumerepi “pelanggaran kemanusiaan” lan piyambakipun mboten kuwawi tumindak menapa-menapa.

Saking tuladha tuladha ing nginggil wau kita saget mangertos bilih sejatosipun sepi menika sanes sepining papan panggenan nanging sepinipun ati saking panca indra, pengangen angen,lelampahan ingkang sampun kepengker lan sanesipun. Pemanggih mekaten pancen sampun leres, nanging yen to badhe ngudi”kaleresan” ingkang langkung inggil, ingkang kawastanan “sepi sejati” menika, inggih mbudidaya nyuwungaken manah saking sedaya kanepson ingkang sifatipun kadonyan lan namung tansah madep mantepaken ati namung tumuju dumateng Gusti Ingkang Akaryo Jagad. Lajeng kados pundi anggen kita nggladi supados batos kita tansah ajur ajer adem ayem suwung ing pamrih ingkang kirang sae munggwing gesang? Wonten ing sedaya piwulang agami mengku cara utawi tirakat piyambak piyambak ,  antawipun sholat, sembahyang, zikir, pasa, semedhi lan sakpanunggalanipun. Ingkang sedaya wau sejatosipun ngandut piwucal kangge ngredem hawa nepsu lan kangge srana nukulaken kesadaran dhiri. Mungguwing tiyang jawi, semedhi sanes babagan utawi perkawis ingkang enggal, nanging sampun mbalung sungsum saking para leluwur jaman rumiyin.Ing jaman kina umumipun ingkang nindakaken olah semedhi menika saking para Raja, satria, brahmana lan tiyang tiyang ingkang tansah remen ngudi kautaman lan kawakithan. Wonten ing cariyos wayang utawi ketoprak asring dipun gambaraken perkawis Semedhi menika. Contonipun nalika wonten narendra ingkang nandang pepeteng penggalihipun amargi menggalih kahananing negari, lajeng minggah dateng sanggar pamujan saha mbesem dupa ratus lan sigra mangsah semedhi ngeningaken cipta dumateng jawata ingkang linangkung. Umumipun wonten ing saklebetipun semedhi badhe nyumerepi gegambaran sarwa sarwi,teja utawi  cahya cahya lan saget ugi wonten suanten dumeling sigra paring dawuh:

Tuladhanipun mekaten:

Jebeng! aja sira kelantur lantur..!

Dudu ing puncaking harga kang dhuwur , uga dudu ing dasaring samodra kang jero, kabeh wus dumunung ana ing anggamu kulup!

Lamun sira wis bisa mangerteni molekul, atom, proton, elektron, ether lan liya liyane, yekti sira mesthi dadi wong pinter. Nanging yo ngger aja sira kumalungkung, aja demen minteri liyan, aja adigang adigung adiguna, aja kemlinthi mundhak ora aji lan diajeni, aja lali marang purwa duksina mundak cilaka, aja seneng cidra mundhak uripmu ora beja, uwis yo ngger ulun kondur makayangan :mrgreen:

Ing nginggil menika tuladha wangsit utawi ilham ingkang saget tinampi dening tetiyang ingkang  nembe teteki utawi maneges kanthi nindakaken semedhi. Basa utawi informasi ingkang katampi temtu jumbuh kaliyan papan, suku,  utawi tingkat spiritualipun (menurut bahasa kaumnya). Amargi keyakinan lan kepercayaan saha  agami , menika sanget kathahipun, tentu badhe nuwahaken penganggep ingkang benten benten. Piyantun kejawen badhe mastani menika pangandikanipun para leluhur ingkang paring pitulungan dumateng anak putunipun, agami saking arab badhe mastani menika suantenipun malaekat ingkang kautus dening Gusti supados maringaken wahyu, menawi kula piyambak mastani bilih menika swantenipun roh utawi ingsun sejati ingkang nedya badhe nuntun dumateng badan lahir (jasad) lan badan Alus (bathin) ipun manungso. :D

wonten candhakipun.

& Komentar »

  1. “Apa yang diperlukan agar seseorang mendapatkan pencerahan?” tanya para murid.
    Kata Sang Guru, “Kamu harus menemukan apa itu yang jatuh dalam air dan tidak menimbulkan riak; menerobos pepohonan dan tidak menimbulkan suara memasuki kebun dan tidak menggoyangkan seujung rumput pun.”
    Setelah berminggu-minggu direnungkan tanpa hasil, para murid berkata, “Apakah sesuatu itu?”
    “Sesuatu?” kata Sang Guru. “Tetapi itu bukan sesuatu sama sekali.”
    “Kalau begitu, bukan apa-apa?”
    “Bisa dikatakan demikian.”
    “Lalu bagaimana kami harus mencarinya?”
    “Apakah saya menyuruhmu mencarinya? Itu dapat ditemukan, tetapi jangan pernah dicari. Carilah dan kamu akan kehilangan.

    Komentar oleh tomy — Maret11, 2009 @ 5:58 am

  2. Matur sembah nuwun seserepanipun Ki Ngabehi ingkang lantip, ugi wingit wiyosing wigati.
    Dados saget dipun wastani pinangka “nggawa latu, kanggo adadamar”. Membuka kesadaran tinggi, membutuhkan bekal kesadaran pula. Wening ing manah, pikir, lan batin. Wening saka nafsu jasad, kanthi patrap laku; neng, ning, nung, nang. sembah nuwun
    rahayu asesanti

    Komentar oleh sabdalangit — Maret11, 2009 @ 7:50 am

  3. Assalamu’alaikum Wr. Wb.

    Hmmmm….
    Menarik sekali pencerahan diatas cuma sayang saya ora ngehh (ora pati mudeng boso jawi) jadi ya setengah2 menerimanya… tapi g apa2lah lumayan dari pada tidak sama sekali hehehe…,,,
    yang penting sudah dapat setitik inti dari pembahasan…inipun kalo benar jadi kang mas ngabehi mohon koreksi dan benarkan kalo salah hehehehe?….

    Mungkin disini yang dimaksud kang mas ngabehi … yaitu kesimpulannya adalah : “RAHASIA SUKSES DIDALAM KETENANGAN JIWA” nah mungkin begitu sehingga barang siapa yang bisa menemukan ketenangan didalam jiwanya masing2 individu dengan sebenar-benarnya maka kedamaian, kebahagiaan dan sentosalah yang akan dia rasakan…dan sudah pasti perasaan was-was serta cemas, serta ragu2 akan lenyap karena yang ada tinggal keheningan jiwa didalam kebahagiaan, bahkan mungkin heningnya jiwa ini akan tetap terasa sekalipun berada ditengah2 keramaian.. dan apabila keheningan(kesunyian)itu tetap bisa dirasakan dalam kondisi apapun maka bias dari dalam jiwa yang tenang tersebut ber-efek sangat baik sekali didalam kehidupan sehari2nya terutama saat mengambil segala tindakan dan keputusan.., karena pada dasarnya mereka2 itu sudah merasa dekat sekali dengan Tuhan nya karena saking dekatnya tersebut maka setiap langkahnya selalu Kesertaan-Nya dirasakan dengan sadar jadi segala tindakan dan keputusan yang akan diambilnya selalu diatas nilai2 kebenaran karena dia merasa selalu diperhatikan oleh Yang Maha Benar.
    mungkin begitu ya kang mas ngabehi

    si OON … tetap saja oon dan tidak tau apa2 lagi lemah tidak ada daya dan upaya …

    Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

    Rahayu…

    Komentar oleh Bocah_Cilik — Maret11, 2009 @ 10:30 am

  4. menika wonten wejang saking sedherek anonim:

    kaping pisan dhiri kita ka’aran uwong, tegesipun suwung/kosong. saksampunipun saget suwung lajeng tumimbal lahir dados manungsa, ateges manunggal hing rahsa. menawi samping nunggal lajeng jumeneng dados tiyang, ateges titisan hyang. ingkang pungkasan, tiyang menika saget jalma dados titahing Gusti, menika ingkang dipun wastani sejatinging manungsa.

    Komentar oleh sitijenang — Maret11, 2009 @ 2:34 pm

  5. @Tommy
    Ya…tidak usah dicari kemana mana karena memang sudah ada, tinggal kita bisa merasakan, menerima dan memahami apa tidak.maaf mas tommy ga pernah berkunjung kerumah sampeyan.

    @Sabdalangit
    Kula nyeratipun namung radi ngawur Ki, dados nyuwun pangapunten bilih kathah ingkang mboten jumbuh kaliyan kawruh ingkang sejati.
    Wilujeng Rahayu

    @BocahCilik
    wah si oon yang selalu pinter :mrgreen: , yaach gitu deh kira kira artinya. Tapi itu cuma sekedar wacana lho, wong saya sendiri juga masih latihan mangerteni urip. Salam hormat dan kangen selalu buat anda.
    Wassalam

    @Kang Jenang
    Maturnuwun kang tambahan ngelmune, penjenengan ini memang ahli dibidang tata bahasa jawa, eh embuh aku istilahnya ga mudeng. Maaf kang jarang dolan teng daleme,o iya wis suwe tepung kok durung kenalan, piye to iki.tak tunggu di email kalamwadi@plasa.com, supaya tambah raket le paseduluran.
    suwun

    Komentar oleh Ngabehi K.M — Maret12, 2009 @ 1:27 am

  6. Semedi Ing Asepi………….
    yen ra sepi rasido semedi..he..he…(guyon ki)
    kadang yo mungah gunung……..(akine d setrum)
    wektune kumpul yo kumpul…………(pancine madangi yo di ngalake sentere)

    Sing lagi golek Senter
    NUWUN
    ====================================================
    wah kula duwene mung senthir mas itu aja masih sering mobat mabit ketiup angin :mrgreen: , dadi ra iso nyilihi senter.
    Maturnuwun sampun kersa pinarak
    Rahayu

    Komentar oleh njebluk's — Maret12, 2009 @ 8:55 am

  7. Duh, kromo inggil. Ngga gitu mudeng Mas ngabehi.
    Di Google Translate yo ora iso.
    antawipun (diantaranya?), ngandut (meteng?), prastawa (prasangka?), narendra (kejadian?), mbesem (membakar?), pindha (ujung?).
    Maklumlah, suwi mbuang urip nang Suroboyo lan Jakarta…
    ====================================================
    ha ha ha, mas lambang sami mawon nggih, kula niki kromo inggile nggeh namung gratul gratul, maklum wong ndeso kesa keso katanya si thukul. Beda sama Mas sabda yang masih njeron beteng, yen ngendikan alus tur yo kromo inggile pas tenan.
    > ngandut maksutnya mengandung sesuatu bukan meteng.
    > Narendro, nalendro maksudnya Raja
    > Pindha artinya seperti atau ibarat atau bak
    > prastawa artinya peristiwa atau kejadian
    Mekaten
    :P

    Komentar oleh Lambang — Maret12, 2009 @ 1:32 pm

  8. Wah, ulasannya Kang Jenang itu mendalam skl, sebagai falsafah Triwikrama, atau Dewa Wisnu manitis tiga kali (tiga langkah manitis dewa wisnu atau roh jalma manungsa). Dari zaman kertayuga, tirtayuga, dwaparayuga, lalu ke zaman kaliyuga ing mercapada.

    rahayu
    =====================================================
    Leres Ki, kang Jenang niku ngelmune pancen dhuwur sanget, tapi nggih niku hobbyne plencang plencing sluman slumun slamet. :D

    Komentar oleh sabdalangit — Maret12, 2009 @ 9:22 pm

  9. aya-aya wae,..kaga ngerti .hehehehe

    salam jumpa aja..

    Komentar oleh adi isa — Maret13, 2009 @ 3:09 am

  10. Hihihihihihihi……….
    Mas NGABEHi kalo translate jangan tanggung tanggung dooooooong khan temen sampeyan ada orang sunda juga niiiiiiih hahahaha……. weleh weleeeeh Gunung Kidul hiiiii salam buat mas Hanomannya yayaya Mas Ngabehi asli lho ternyata …. ternyata…. ternyata…. Memang…. ternyata…. begitu…. jadi… ternyata hahaha……. ternyata….. Memang… yaaaa…. apaan…….. ternyata…. bersambung… besok aja ya pesennya tak sampein hehehe laaaaaari ah..

    Komentar oleh kangBoed — Maret13, 2009 @ 3:47 am

  11. @Kang Boed
    Yaaach sekali kali pakai bahasa daerah boleh kan? Supaya ndak lupa sama bahasa ibu.Maklum udah hidup dikota, kalu ndak sering dilatih banyak istilah2 yang lupa.Waktu SMP dulu nilai rapor bahasa jawa saya 9 terus lho kang, tapi sudah campur aduk.Begicuuu :mrgreen:

    Komentar oleh herjuno76 — Maret13, 2009 @ 4:09 am

  12. Sumpah jidatku langsung mengkerut begitu ketemu bahasa jowo , teu ngartos..

    Komentar oleh Siliwangi — Maret13, 2009 @ 7:56 am

  13. molekul, atom, proton, elektron, ether lan liya liyane iku boso ilmiah ya mbah?
    ternyata simbah pikulun bahasanya canggih juga nih hihi..
    ayo mbah… bola bali mekayangan ya…
    =================================================
    sekali2 jadi mbah Gaul, supaya rada kelihatan intelek dikit :mrgreen:

    Komentar oleh ndombleh — Maret13, 2009 @ 9:12 am

  14. Suraos dipum WEJANG CAHAYA maos wewarah saking Kadang Sepuh NGABEHI.
    Awit sedoyo WULANG~WURUK ingkang dipun wedhar kaliyan Kakang Ngabehi ing nginggil puniko sejatosipun LAKON GELAR~GULUNG piyantun ingkang sampun saged ANGGAYUH KAWICAKSANANING GUSTI Kang WISESO. Mungguhing WIJINE ELMU, meniko saged dipun wastani ” LAKU KASAMPURNAN TUNGGAL KINANTENAN SARWI MIJIL “.

    SEJATINE INGSUN DATING KANG MOHO SUCI, YO IKU GESANG KITO PRIBADI. SAYEKTINE INGSUN KANGGONAN RASANE DATE KANG MOHO AGUNG ANGGLIMPUTI ING SIPATINGSUN, YO IKU WUJUD KITO PRIBADI. SAYEKTINE KATAMBAHAN RASANE DAT KANG SAMAR LAN ELOK. AMERTANDANI ” ASMO ” YO IKU JENENG ” URIP ” KITO PRIBADI LAN DI-AKU ARANING DAT KANG WISESO. TANDANE AF’AL IKU SING BISO ” MOBAH LAN POLAH ” KITO PRIBADI, NUDHUHAKE NYATANE URIP KANG SINAMPURNO.

    ****** ” Ngelmu iku kelakone kanthi laku, senajan akeh ngelmune lamun ora ditangkarake lan ora digunakake, ngelmu iku tanpa guna “*********

    MUGI PORO KADANG SINOROWEDI TANSAH ” SUMUNAR PINDHO BHASKORO ING SAMUBARANG GAWE “.

    Salam….salam…salam…
    Shnati….shanti….shanti….
    Rahayu….rahayu…rahayu…

    Nuwun Kepareng Kakang Ngabehi.
    ====================================================
    Matursembah nuwun konjuk wonten ngarsanipin Ki Santri Gundul, sumangga sampun ngatos wigih ing penggalih, kawula aturi tansah paring piwucal kautaman dumateng kawula dalah para kadang samudayanipun.Liripun manungsa menika namung saget jangkep jinangkep, bagi binagi menapa ingkang dipun gadahi.
    Rahayu

    Komentar oleh Santri Gundhul_Red — Maret14, 2009 @ 1:32 am

  15. walah… he he he… menika rak naming nerusaken wejangan sedherek kemawon. mangke kula plencang plencing emailipun :mrgreen:

    Komentar oleh sitijenang — Maret17, 2009 @ 12:35 pm

  16. :cry:

    Komentar oleh adi hadi — Maret17, 2009 @ 4:53 pm

  17. piye kabare kang adi hadi… suwe rak ketemu…. jan wuangel banget ngobrol kalih panjenengan… taksih sibuk punapa kangmas…

    Komentar oleh someone — Maret17, 2009 @ 7:24 pm

  18. Dear mas Ngabehi…,
    Peace and Love to all of you, my brothers!

    Artikel samadhi yang sungguh baik,
    Dikemas dengan tulisan Jawa yang apik dan cantik ;)

    Semoga semua manusia mendapatkan manfaat yang sebesar-besarnya dari praktik Samadhi ini… ;)

    Mas Ngabehi, dan rekan2 semuanya, mas KangBoed, mas Hidayat, saya ada oleh2 dari Palembang, foto2 waktu tamasya disana.

    Yang menarik , adalah legenda pulau KEMARO/Kemarau. Konon, disana terdapat makam Tan Boen An dan Siti Fatimah. Pasangan kekasih beda agama yang ditentang kedua orang tua mereka.

    Sempatkan mampir di blog saya ya! ;)

    Salam Damai dan Cinta Kasih,
    “Semoga Semua Makhluk Hidup Berbahagia!”
    http://ratnakumara.wordpress.com/2009/03/19/tamasya-ke-palembang
    ====================================================
    saya sudah berkunjung ke rumah sampeyan mas, yang saya liatin bukan foto2 tempat wisatanya tapi malah yang bikin artikel. Nek jaman biyen njenengan itu mirip Ki Ageng Mangir Wanabaya.

    Komentar oleh ratanakumaro — Maret20, 2009 @ 1:41 am

  19. Dear mas Ngabehi,

    Siapa itu Ki Ageng Mangir Wanabaya ??
    ==================================
    Beliau itu masih trah majapahit, dari garis keturunan dengan Prabu Brawijaya, beliau lebih dekat ketimbang Senopati Ing Ngalogo

    Maksudnya “Nek jaman biyen njenengan itu mirip Ki Ageng Mangir Wanabaya” apa ? Wajah saya yang dulu, atau, wajah sekarang dibandingkan dengan orang jaman dulu yang bernama Ki ageng itu ??

    Minta penjelasannya ya ;)
    ===================================================
    Jangan di ketawain ya! :D , alam bawah sadar saya melihat, bahwa postur dan wajah Ki Ageng Mangir itu ya mirip sampeyan ini.
    Sebaiknya tragedi yang memilukan itu ga usah dikenang kenang lagi, biarlah kita sebagai penerus para leluhur sedikit sedikit memperbaiki diri dan mempersiapkan masa yang akan datang supaya lebih baik.

    Komentar oleh ratanakumaro — Maret20, 2009 @ 3:04 am

  20. hihihi… dikibulin hahaha……. dah santai broooooooot…her Ratna dah balik belom hehehe… oleh olehnya kok belum nyampe hihihi… mas NGABEHi belum jawab sampeyan masih di Gunung kidul atau dah di Jakarta heeh…. pokoknya salam kangen aja laaaaah……….

    Komentar oleh kangBoed — Maret20, 2009 @ 10:37 am

  21. KangBoed
    saya ini tinggalnya di Jakarta, sudah menetap disini, ktp DKI,cari makan di jakarta dan pulang ke Gunungkidul paling setahun sekali, waktu hari lebaran.
    salam kangen juga.

    Komentar oleh Ngabehi — Maret21, 2009 @ 3:14 am

  22. Salam,
    Ki Ngabehi dan Santri Gundul, bisa silaturkahmi dimana ? saya di adyan712000@yahoo.com, sallam
    ===========================================
    Selamat datang nggih mas, Menika email kula kalamwadi@plasa.com, silahkan kalau ingin bersilaturahim.
    wassalam

    Komentar oleh Wedy-Red — Juli2, 2009 @ 5:19 pm


RSS umpan untuk komentar-komentar dalam tulisan ini. URI Lacak Balik

Tinggalkan komentar

Blog pada WordPress.com.