
Nuju sakwijining dino, Ki Ageng Driyo Sukotjo ndangu marang muride kang aran Ki Dharmo Supono. Ing sakjroning pasamuhan mau Ki Ageng ndadar marang muride, mungguh tekan ngendi anggone ngisep kawruh kang wus dibabar saben dinane. Ono ing sak ngisore wit sawo kecik kang godhone ngrembuyung iku, Ki Ageng wiwit paring pitakonan marang muride mau :
KADS : He putuku ngger Darmo! ingsun bakal mundhut prikso marang jeneng para, mungguh opo to Sahadat iku ngger?
DS : Sahadat menika ngucapaken paseksen bilih mboten wonten Pangeran kejawi namung Gusti Allah, lan nyekseni bilih Kanjeng Nabi Muhammad menika utusanipun Gusti Allah.
KADS : mungguh opo wohing syahadat?
DS : Wohipun syahadat menika kita kedah sumurup, bilih kita menika wakilipun Gusti Allah ing madya pada utawi tajalinipun, liripun tindak tanduk, budi lan pakerti, kedah jumbuh kaliyan sifat soho apengalipun Gusti kanthi nuladha akhlak -ipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
KADS : Terus opo bontosing syahadat
DS : Pinanggihipun kawula lan Gusti, kados kula lan penjenengan ing wekdal punika.
KADS : Opo siro wus mangan telu telune
DS : Dereng bapa
KADS : saiki ingkang kaping pindho, sholat kuwi opo?
DS : Sholat menika tata cara manembahipun tiyang islam Dumateng Gusti Allah.
KADS : Wohe sholat iku opo?
DS : Inna sholata tan ha ‘anil fasya’i wal munkar, sholat menika nyegah tumindak ingkang nistha lan tumindak piawon ingkang kasat netra, contonipun MOLIMO.
KADS : banjur opo hakekate sholat
DS : Sholat menika sejatosipun sarono kanggeh sebo dumateng Gusti, kados dene kula lan penjenengan menawi badhe kesah ingkang tebih tentu mbetahaken turangga menapa dene Kreta. Tiyang ingkang sholatipun rubuh rubuh gedhang sami kemawon kaliyan tiyang ingkang kagungan kuda lan kreto ananging mboten mangertos cara nitihipun. Tiyang ingkang sampun saget sholat saestu, wonten ing sakjroning sholat badhe lumebet lan manjing ing Rahsaning Gusti.
KADS : Apa kowe wis ngrasaake tetelune?
DS : Alhamdulillah, nembe nyinau Bapa!
KADS : Bagus ngger kowe jujur karo awakmu dhewe, saiki pitakonku ingkang pungkasan. Lha opo kuwi poso, zakat lan munggah kaji??
DS : Siyam menika ngampet saha cegah dahar , ngunjuk lan guling. tujuanipun ngasoraken hawa nepsu ingkang awon hakekatipun ngampet sedaya tumindak ingkang mboten sae ing saben dintenipun, siyam ugi saget pun umpameaken lerak kagem reresik kokot bolot ing sakranduning badan. Menggah zakat menika ngedalaken sebagian mas picis raja brana miturut syariating agami, menggah tujuanipun nglatih keikhlasan, sejatosipun zakat menika tanpo watesan, sinten ingkang ikhlasipun sampun inggil badhe maringaken sedaya ingkang dipun gadahahi murih sentosanipun liyan utawi ngasanes. Dados zakat menika ukuranipun tingkat ikhlas kita sedaya, lha zakat ingkang paling utami menika sok sinteno ingkang saget paweh kawruh ingkang mingunani kagem gesang ing ndonya lan ing alam kelanggengan, kawruh sejati menika biasanipun lumatar wangsit, ilham lan sakpiturutipun, saget ugi winastan ilmu mukasyafah utawi ilmu laduni. Ingkang pungkasan, ing kang kasebat kaji menika injih puncakipun ma’rifat, titah ingkang sapun mangertos awal – akhir, zahir -kabir, ikhlas lego lilo ndonya akherat. Sampun mboten kepincut brana picis,wanita lan kuasa, ingkang sampun dipun gambaraken ing baju ihram, sampun sumadya katimbalan dening Gusti kapan kemawon. Dados Haji menika sejatosipun kahananipun ati menungso, sanes tindak dateng arab. Menawi pemanggih kula, tindak dateng arab menika intinipun napak tilas, lha ing mriku kathah sasmita sasmita ingkang kedah pun sumurupi teges lan hakekatipun sahingga nuwaheken seserapan lan kesadaran sakkonduripun saking minggah kaji kalawau.
KADS : Lha terus piye, opo ono wong diarani kaji nanging ora ndadak lunga neng arab.
DS : Menawi pemanggih kula njih wonten, amargi hakekatipun haji menika kahanan utawi suasana batosipun manungso. Haji menika sempurnaning iman lan islam, tetiyang ingkang sampun manunggal kaliyan Gustinipun.
KADS : Lha opo kowe wis rumangsa dadi kaji?
DS : waduh bapa, miturut pemanggeh kula tiyang ingkang sampun kaji sejati menika mboten badhe rumaos, awit menawi maksih kagungan rumangsa ateges maksih takabur, utawi taksih gadah sifat adigang adigung. Jujur kemawon kula menika taksih rumaos kadya tiyang wuta ingkang mrambat-mrambat ing latri kang peteng ndedet.
KADS : Yen ngono ngger, siro munggaho neng puncaking Gunung Jati, nenepio ojo pati pati bali yen durung purna anggeniro lelaku.
Sakbanjure Ki Dharmo Supono nuli nyuwun pangestu marang gurune lan uga pamit marang para sekabate kabeh, sigra mateg aji sepi angin nggedruk bumi kaping telu, plass ngambah jumantara tumuju marang puncak ing Gunung Jati, jroning galih ora bakal bali kalamun durung kelakon opo kang sinedyo.
Maturnuwun.

Wah mas Behi,
Itu nama “SENSOR” kok kayak nama pendiri sebuah perguruan spiritual “manunggaling-kawula-lan-gusti” ya,heheh… .
Atau mungkin harus diberi keterangan kayak sinetron itu mas, “kesamaan cerita,nama, tokoh,setting, hanya kebetulan belaka…dst.” ?
heheheh… .
Lha kapan mas Behi naek2 ke puncak gunung jatinya ? Nanti di upload di blog, biar kita semua bisa ikut menikmati perjalanannya.
Eh, itu komentar saya kok belum ditanggapi, yang di halaman-tulisan “Othak-Athik-Gathuk” … .
Peace & Love, mas Behi..
Komentar oleh ratanakumaro — Juni24, 2009 @ 6:44 am
oh iya maaf, nanti namanya saya ganti aja deh.Ora njarag mas, trimakasih sekali sudah di ingatkan, jadi memang bersih sih ga ada maksud saya ke sana, itu cerita tentang diri saya sendiri kok, sekali lagi trimakasih.
Rahayu
Komentar oleh Herjuno — Juni24, 2009 @ 8:12 am
Loh, kak dirubah namanya,
Tidak bermaksud menyuruh merubah nama tokoh lho mas Behi,
Hanya kok mirip sama Guru Besar dari sebuah padhepokan
Komentar oleh ratanakumaro — Juni24, 2009 @ 8:38 am
Miturut panjenengan Ki, ingkang kasebat Gunung jati punika sejatosipun punapa njih. Menapa kiasan sejatining angga. Sejatining diri ? Punapa wonten saestu pertapan Gunung Jati punika. Nyuwun kauningan kersaha Ki Ngabehi medar sabdo. Nyuwun sih samodra pangapsami bilih kirang mrenani ing penggalih.
Rahayu, karaharjan
salam sih katresnan
Komentar oleh sabdalangit — Juni24, 2009 @ 1:38 pm
bisa terjemahkan dalam baha indonesia karena saya bukan org jawa oke
Komentar oleh muhammad isma — Juni26, 2009 @ 4:40 pm
pamuji rahayu..
kangmas ngabehi… nyuwun pnganpunten mbok bilih sampun kumawantun taglet .. lha niki para sederek pada gonjing anggenipun kepingin meruhi sejatining Gunungjati meniko… mbok bilih panjenengan kersa mbabar Ki…, diantu antu.. njih.. kulo nggih penasaran.., matur sembah nuwun..
salam sihkatresnan
rahayu..,
Komentar oleh hadi wirojati — Juni24, 2009 @ 4:21 pm
hehehe.. binguuung yaaa.. bahasa jawa.. enda tahu
Komentar oleh KangBoed — Juni24, 2009 @ 6:36 pm
Hehehe ..sama.. sy orang jawa tapi yo ora ngerti boso keraton…. dasar wong ndesoooo…
Ngapuntene Ki…..
===========================================
Bagi saya bahasa termasuk kulit mas (bungkus), yang penting isinya to?Tapi lebih baik ya syukur dua duanya
Komentar oleh lor Muria-Red — Juli2, 2009 @ 4:13 pm
Wah pewayangan iki……..
Komentar oleh bocahbancar — Juni24, 2009 @ 7:35 pm
@Ki Sabda, Mas Hadi lan Kang Boed.
Gunung Jati menika artosipun puncak kejaten (puncak pendakian spiritual)tentu parameternya pun berbeda beda setiap orangnya, Gunung makin ke atas makin mengkerucut, artinya hanya sedikit orang2 yang mampu menggapai puncak gunung sejati, karena harus menghadapi berbagai rintangan, nah untuk rintangan terakhir biasanya adalah gas beracun yaitu lambang duniawi(mas picis raja brana dsb) barang siapa bisa menundukkannya dalam artian sudah tidak terikat lagi(mengalami kebebasan/kemerdekaan), ya sampailah mereka dipuncak gunung tersebut.Kalu para sedulur bertanya kepada saya, bagaimana rasanya di puncak gunung, terus terang belum bisa menjawab, wong Ki Dharmo saja baru mau mulai mendaki kok, he he
Salam sih katresnan
rahayu
Komentar oleh Ngabehi — Juni25, 2009 @ 1:44 am
Ma kasih KI NGABEHI atas nasihat dan petunjuknya.. semoga saya bisa belajar banyak sama KI NGABEHI yang baik..
Salam Sayang dan Rindu untukmu..
Komentar oleh KangBoed — Juni25, 2009 @ 8:04 am
Dear Kangboed
Jangan terlalu serius kang, semua ini hanya coretannya wong gemblung tanpo ilmu.
salam rindu untukmu, sebetulnya tiap hari saya berkunjung ke rumah njenengan, tapi tiap pengen komentar kok jadi buntu ga bisa nulis.
maturnuwun.
Komentar oleh Ngabehi — Juni26, 2009 @ 1:22 am
paling enak tahu cibuntu
dimakan pake nasi
Kalau pikiran jadi buntu
simpan pikir pake hati
Salam Sayang
Salam Rindu.. cup cuup cuuup.. celepooooooot.. *haiyaaaaaah*.. habis mangan pete yaaa kiii
Komentar oleh KangBoed — Juni26, 2009 @ 2:59 am
1 2 3 4 | 5 6 7 i | i 7 6 5 | 4 3 2 1| 1 2 3 4 | 5 6 7 i |
naik-naik, ke puncak gunung, tinggi-tinggi sekali
Semoga sukses dalam pendakian mas Behi, selamat sampai tujuan, mendapatkan sesuai apa yang diharapkan.
Komentar oleh ratanakumaro — Juni25, 2009 @ 4:39 am
Melu mas behi…
he…he…he….
nopo gunungjati sakmeniko dipun wastani ‘jabal khodir’ utawi gunung kenikmatan? nyuwun penjelasan….
rahayu..
Komentar oleh Seno' — Juni26, 2009 @ 2:25 am
Menawi Mas Seno’ mastani mekaten njih mboten lepat,manungso menika namung sakdermi ngreko ngreko, awit ilmunipun Gusti menika maha luas, namung bathin ingkang sampun suci lan dipun suceaken ingkang saget maos sedaya sasmitanipun Gusti.
Komentar oleh Ngabehi — Juni26, 2009 @ 3:52 am
Lha ….. tenan tho?!
Pas kula maos tulisan gunung jati kentun piyambak, mesti kathah sing penasaran semantin ugi kula…….hehehe.
Matur suwun mas Ngabehi…..cocok kalihan manah.
Nanging nggih meniko…..kapan munggahipun.
Alon-alon waton kelakon, donga-dinonga mugi kaleksanan ingkang dipun upadi.
(Nyuwun sewu kula krama madya kemawon………soale pelajaran krama inggil sampun kesupen-belepotan)
Komentar oleh mas8nur — Juni26, 2009 @ 6:05 am
Alhamdulillah…
tidak di panggil mbak lagi.
he..he…
terimakasih mas atas penjelasannya.
selamat mendaki semoga sampai pd puncaknya.
rahayu..
Komentar oleh Seno' — Juni26, 2009 @ 7:19 am
pamuji rahayu..
matur sembah nuwun kangmas Ngabehi.. nanging apa harus melepaskan segala bentuk ke-duniawi-an… ya kangmas.. dalam sebuah kadhis .. ada yang menyatakan… beribadahlah kepada Tuhan dan selesaikan segala urusan duniawi bertebaranlah dibumi ngupaya upa dan bebrayan ya kangmas…, apa disaat kita menjalani hidup untuk mencapai pucuking argojati…. melepaskan semuanya…, dalam artian rajabrana,picis dampar kencana kasur babut.. sandang pangan papan.., padahal itu semua yang dibutuhkan untuk garwa, putra/i, apa mungkin juga meraih kebebasan/kemerdekaan setelah semua tugas memberikan nafkah dan semua sudah tercukupi baru kita mulai menuju pucuking argojati..? lha terus kapan ya …, lain dengan seorang pertapa lho kangmas.., puncak pendakian spiritual harus benar benar hilang segala kemauan, keinginan nafsu jasad atau kados pundi.. kangmas…, mohon pencerahan.. saya belum mudeng…,
nyuwun gunging samodra pangaksami.., matur sembah nuwun
salam sihkatresnan
Penjenengan kuwi yen mundhut prikso aku yo salah to Kangmas Hadi……
Rahayu..
=================================================
Lha wong dalam percakapan itu Ki dharmo selalu mengatakan belum, belum dan belum kok Kang Mas, dan akhirnya memutuskan untuk membulatkan tekat mencari dan merasakan apa yang selama ini dipahaminya.Saya sering memikirkan diri saya sendiri, oya ya memang betul saya ini sudah tidak begitu merasa menderita lagi walaupun hidup dalam himpitan ekonomi dll, kadang juga membenarkan pendapat orang “dibalik kesusahan pasti ada kebahagiaan dll” tapi ternyata setelah di teliti dengan seksama ternyata ya cuma balik kematerial lagi.Manakala orang yang sekarang sudah sukses dengan bergelimang harta dan kekuasaan atau sugih ngelmu dia akan merasa bahagia, sedangkan masa masanya yang sulit akan dikenangnya sebagai masa2 yang susah atau menyedihkan.Pada hal sebagai orang yang katanya mengerti hakekat suwung dsb harus terbebas dari rasa terikat dengan materi.Karena sebetulnya susah sedih dalam bathin kebanyakan produk dari nafsu-nafsu ragawi yang tidak terpenuhi.Saya tidak bermaksud menyarankan untuk melepaskan seluruh keduniawian, tetapi jangan sampai terikat sedikitpun dengan duniawi.Siapkah kita dengan pemahaman pemahaman yang kita miliki sekarang ini, ketika suatu saat faktor2 penunjang pemuas nafsu2 ragawi dan bathini ini diambil oleh Yang empunya. Galihe kangkung…….kosong…. tidak ada. hmm embuh lah..????, Hemmm masihkah dirimu, diri kita akan tetap merasa bahagia, merasa tentram dan selalu memuji kebesaran Hyang Widhi, jika suatu saat gempa tiba2 menghantam rumahmu, sedangkan waktu itu anda sedang tertidur pulas, ketika anda terbangun, rumah anda telah hancur lebur rata dengan tanah, mobil mewah hancur, sepeda motor, tv dll semua hancur tiada tersisa, istri anda yang cantik meninggal saat itu, putra putri anda semua juga tewas, anda selamat, tapi ternyata kedua kakimu patah dan harus diamputasi, tiada yang tersisa lagi…..semua yang kamu usahakan selama ini musnah….
Mungkin kita hanya bisa menangis pilu atau bahkan langsung struk dan mati….. Ternyata tanpa kita sadari , kadang kita masih terjebak dengan kenikmatan duniawi, tidak sengaja kita merasa bahagia karena masih punya harta walau sekedarnya, masih punya istri yang setia dan baik walau tak secantik luna maya, punya anak yang lucu2, masih ada yang bisa dimakan dan lain lain.Ternyata semua itu masih fatamorgana, ternyata kita masih terjebak dalam kebahagiaan bathiniah bukan ruhaniah. Karena Sejatinya sang Ruh tidak butuh apa apa, makananya adalah kebajikan, keutamaan , kesucian dan kebenaran, keikhlasan dan lain lain.Galihing kangkung….galihe kangkung….galihing kangkung…., ternyata tidak semudah yang ku ucapkan dan kupahami ….
Maaf Mas Hadi saya jadi ngomyeng ini, maaf ini ngomongin diri sendiri, saya yakin penjenengan dan sedulur sedulur yang lainnya sudah jauh mendaki mencapai puncaking Gunung siula ulu, yang disana wis ora ono ngendi lor ngendi kidul bagaikan kepompong(unthung) yang jogetan.
Matursembahnuwun
Salam sih katresnan
Komentar oleh hadi wirojati — Juni26, 2009 @ 3:34 pm
Posted by hadi wirojati on Juni26, 2009 at 3:34 pm :
Komentar oleh ratanakumaro — Juni27, 2009 @ 1:35 am
Matur nuwun sanget Ki, wejanganipun!
Komentar oleh celetukansegar — Juni29, 2009 @ 6:25 am
pamuji rahayu…
matur sembah nuwun Ki.. sampun kersa maringi sedaya piwulang.., mugya kita tansah saged ambengkas karya lan kanthi sukses angsalipun ngayahi jejibahan…, terutama mari kita saling bergandeng tangan dan saiyeg saeka praya untuk TIWIKRAMA BUDAYA.., matur sembah nuwun..
salam sihkatresnan
rahayu…,
Komentar oleh hadi wirojati — Juni30, 2009 @ 1:35 pm
ki.. kula ralat njih… bukan ( Unthung ) naging ( Enthung ) hehe.. dicekel kepala .. pantat yang jogedan … hehehe…
nuwun.
Komentar oleh hadi wirojati — Juni30, 2009 @ 1:37 pm
nanging.. asmanipun.. kok tansah jalmi ingkang sampun.. mumpuni… sedayanipun njih… ( DHARMO SUPONO ) – sepanjang hidupnya .. laku lampah dan perbuatan serta perkataan.. menunjukkan kesucian , Supono = Nafas kebaikan – Dharma : perbuatan suci., jadi orang yang berbuat biak dan suci sepanjang masih bernafas…, hehehe.. mohon koreksi Ki…, matur sembah nuwun..
rahayu..,
Komentar oleh hadi wirojati — Juni30, 2009 @ 1:41 pm
Yen ing papan kula mekaten :
Unthung, enthung, ungkrung dll, biasanya yang dipegang badannya terus ditanya sesuatu maka jawabnya hanya selalu gedek2, lha enthung yang dipikirin hanya kapan waktunya menjadi kupu kupu.
DHARMO : Berbakti, ngabdi, ngabekti, berserah diri secara totalitas
SUPONO : SU berarti lebih, linuwih, PONO : mengerti, tahu, faham, padang trawangan dll
Kinten2 mekaten Mas Hadi, maturnuwun awit saking kawigatosanipun.
Komentar oleh Ngabehi — Juli1, 2009 @ 1:29 am
hehehe.., betul ki…, supaya bisa terbang ngambah jumantara…, matur suwun.. Ki..,
salam sihkatresnan
rahayu…
Komentar oleh hadi wirojati — Juli1, 2009 @ 2:57 am
Dear mas Ngabehi..,
terimakasih atas tambahan infonya, yaitu tentang arti dari PONO ( ejaan Jawa-nya tentunya PANA ya mas ? Saya gak tau, maka bertanya ini.. ).
Sehingga jadi selaras dengan kata Pali : PANNA.
Sebab, mau tidak mau, Jawa telah berakulturasi dan berasimilasi dengan bahasa sanskerta serta pali dengan sangat kuat.
PANNA : artinya, kebijaksanaan menembus, yaitu “mengetahui” segala sesuatu melalui “batin” yang terang, “pandangan-terang”, yang diperoleh melalui samma-samadhi dan samma-sati. Begitu arti “PANNA” (kurang-lebih)-nya dalam Buddhisme.
Saya selama ini mencari-cari, Panna ini kalau dalam bahasa Jawa jadi kata apa ya (?).
Dengan membaca komentar mas Ngabehi, saya jadi sedikit bisa menarik benang merah ( entah, meski belum tentu benar juga ).
Terimakasih mas Behi,
Serta mas Hadi Wirojati,
Semoga Anda Semuanya Selamat Sejahtera…,
Komentar oleh ratanakumaro — Juli1, 2009 @ 4:22 am
Kondur sami Mas Ratana, oya saya suka sekali baca artikel penjenengan yang baru, yaitu masalah do.
Rahayu
Komentar oleh Ngabehi — Juli1, 2009 @ 4:46 am
Dear mas Ngabehi,
Wah, itu mas Ngabehi ngetik komentarnya kurang satu huruf, pasti yand dimaksud “DOA” , iya kan ?
hehehehh…
Terimakasih,dan saya ikut seneng kalau memang artikel baru tersebut bermanfaat buat Mas Behi.
Peace & Love,

)
May All Beings be Happy and Well,
=========================================
Betul Mas, maksud saya adalah “Doa”, mohon maaf lagi rada lalen
Komentar oleh ratanakumaro — Juli1, 2009 @ 5:30 am
wealah, itu kok saya jadi ikut2an keliru ketik huruf, hehehehh…
Komentar oleh ratanakumaro — Juli1, 2009 @ 5:34 am
pamuji rahayu…
PONO / PANA : secara harfiah.. NAFAS. ( kurang lenih begitu ) mohon koreksi Ki..,
matur sembah nuwun..
rahayu..
================================================
Matur nuwun Mas Hadi ingkang wicak, ingkang penjenengan serat nambahi wawasan saha seserepan dumateng kula, sepisan maleh ngaturaken gunging panuwun.
Rahayu ingkang sami pinanggih
Komentar oleh hadi wirojati-Red — Juli2, 2009 @ 1:28 pm
Dear mas Hadi Wirojati,
Oiya, anda benar juga.
Jika yang dimaksud adalah “PANA” ( bukan “PANNA” ) = itu memang dalam bahasa Pali artinya pun “Nafas”.
Kata “ana” yang sama dengan “pana” (Sanskerta : Prana ) berasal dari akar “an(a)” yang setara dengan “panane”. Yang berarti “menghidupkan” seharusnya digunakan untuk arus nafas masuk yang vital ini.
http://ratnakumara.wordpress.com/buddha/samadhi/latihan-memurnikan-pikiran/anussati-bhavana-bagian-iv/
Benar juga itu mas Hadi wirojati.
Maturnuwun atas tambahan ilmunya.
Mugi rahayu ingkang sami pinanggih
===========================================
Mangga Mas Ratna jangan sungkan sungkan berbagi ilmu disini, boleh kok pengalaman2 penjenengan waktu menekuni kejawen dishare di sini, pasti saudara saudara kita akan sangat senang menyimaknya
pis & lov
Komentar oleh ratanakumaro-Red — Juli3, 2009 @ 1:17 am
Kepareng ngaturaken salam kasugengan dumateng Ki Ngabehi dalah sagung para maos, para rawuh wonten ing pidalemipun Ki Ngabehi ingkang dahat permananing galih. Nuwun sewu, mbok bilih kepareng atur uninga, wondene PANA ingkang kasebat ing nginggil yektosipun anggadahi madu basa Jawa Kawi, kados dene kaserat ing ngandap punika :
PANA = waspaos, kasekten, awas, pramana, permono, darbe
NGAPANA = nglengkara, mokal
Ing wusana, mekaten menggah atur kula, ing pangajab saget minangkani jangkepipun seserepan kawi Jawa, mbok bilih wonten atur kula ingkang kirang trapsila, mboten langkung kula tansah ngaturaken nyuwun lumebering sih samudra pangaksama.
salam karaharjan
asah asih asuh
================================================
Leres sanget menika Ki, PANA ingkang kula maksud pancen menika, ingkang mengku teges, sekti, awas, permana lan sakpanunggalanipun. Maturnuwun tansah paring seserepan ing gubuk awon menika, nyuwun sewu mbok bilih mboten nate sowan, amargi nembe intensif mulat sarira hangrasa wani lan sekedik2 sinau hamemangun karyenaktyas mring sasama, mugi tansah paring sawab pangestunipun.
Rahayu ingkang sami pinanggih.
Komentar oleh SABDALANGIT-Red — Juli2, 2009 @ 6:17 pm
kula nuwun Mas Behi
sampun dangu mboten sowan mriki
raos kapang dhateng panjenengan
kangmas ingkang kula pepundhi
salam karaharjan
===============================
Mangga kadang kula Mas Tommy ingkang sigit lan swaskita.Mangga tansah asesanti”Pra taruna hawya anunggil rasa murih sentosaning bangsa”
Rahayu
Komentar oleh tomy-Red — Juli3, 2009 @ 1:37 am
pamuji rahayu..,
matur sembah nuwun sepindah malih dumateng Ki Ngabehi, Ki Sabda.., lan kangmas Ratana rehne sampun mbabar wigatos bab Pana, Prana lan sakpanunggilipun.. dalah sampun pepak sedaya babagan ingkang meryogani kangge ngagesang.. lan para kadhang ingkang dahat luhuring budhi…, nambih seserepan ingkang langkung kathah lan damel bingahing penggalih sedaya kemawon.., awit sampun nguri nguri kabudayan, sastra lan basa Jawi kang Inggil..,
matur sembah nuwun Ki..
salam sihkatresnan
==============================================
Dhawah kondur sami sami kadang kula Mas Hadi ingkang wicaksana, mangga lho , sampun ngantos ewet prekewet mbok bilih badhe paring sesuluh dumateng kula.
Matur sembah nuwun
rahayu..,
Komentar oleh hadi wirojati-Red — Juli3, 2009 @ 3:05 pm
menawi miturut kulo mas behi, tindak kaji puniko kagungan artos bilih tiyang puniko menawi sampun tumuju ing telenging rahsa ingkang dipun lakoni sarana wukuf ing padhang arofah, menawi sampun wukuf banjur tiyang puniko nggih kedah ahli wakaf
nuwun
===========================================
Leres mas pemanggeh penjenengan punika, ritual kaji mila gegambaranipun manungsa inkang sampun tumuju dumateng kasampurnan. Ing mrika sampun dipun paringi mapinten -pinten simbol, contonipun mbabit syetan ing tugu (melempar jumrah) ingkang ateges reresik saking sedaya tumindak ingkang awon(penyucian diri), lajeng thawaf, wukuf, sya’i, baju ihram, lsp. ingkang sedaya wau mengku teges piyambak piyambak, nanging kuciwanipun kathah para umat ingkang mboten purun menggali menggah punapa hakekatipun lambang lambang kalawau, ingkang wonten namung sebatas nuhoni hukum syari’at (fiqih)utawi ritual semata.Mila kathah ingkang sampun tindak kaji nanging meksa tasih garing krinthing saking nilai2 spiritual.
wassalam
Komentar oleh m4stono-Red — Juli3, 2009 @ 5:18 pm