
Mas Bei
Kepareng ngaturaken sugeng rawuh dumateng sedaya sanak kadang, ingkang sampun kersa pinarak menapa dene rawuh wonten ing gubuk kula ingkang awon menika.
Kawula namung sakdermi tiyang ingkang cubluk ing babagan seserapan lan pangertosan, dados menawi sakmangkeh kathah seratan ing gubuk menika tebih saking kautaman lan keleresan, menika sakyektos awit diri pribadi kula piyambak ingkang bodho.
Seratan seratan ing ngandhap punika, kawula pethik antawisipun saking kitab suci, sabdanipun poro winasis,wejangan para ngaluhur lan ugi asil ngalamuning ati kula piyambak, pramila saking punika tentu kathah seratan ingkang wosing gati namung gegojegan menapa dene tetembangan kewala.
Pinangka pungkasaning atur, sugeng angrahapi pasugatan sakwonten nipun. Mangga tansah ngonjukaken donga pamuji, Rahayu..rahayu ingkang sinedya, kalis ing rubedo rahayu nir ing sambekala.
Matur Sembah Nuwun
Ngabehi Kiduling Mesjid

bisa kah terjemahkan dalam bahasa indonesia karena saya bukan org jawa makasih
Komentar oleh muhammad isma — Juni26, 2009 @ 4:41 pm
pamuji rahayu..
kagem panjenengn Ki Ngabehi kadhang ingkang kinasih…, mugya tansah ginanjar wilujeng berkahing Gusti Maha Wikan paring dumateng panjenengan sak keluargi, berkah sehat, rahayu, tansah tebih ing rubedha kalis niring sambikala..,
matur dumateng panjenengan Ki…, mbok bilih hanetepi lan kersa kula sak keluargi ngaturaken :
Sugeng Riyadi 1430 H, nyuwun gunging pangaksami bathin ingkang utami lan lahir kaping pindho, mugya sedayanipun kalepatan tansah lebur ing dinten meniko..,
matur sembah nuwun ,
Rahayu..
Komentar oleh hadi wirojati — September17, 2009 @ 2:00 pm