275px-Viduradhrta

Nuju sakwijining dino, Ki Ageng Driyo Sukotjo ndangu marang muride kang aran Ki Dharmo Supono. Ing sakjroning pasamuhan mau Ki Ageng ndadar marang muride, mungguh tekan ngendi anggone ngisep kawruh kang wus dibabar saben dinane. Ono ing sak ngisore wit sawo kecik kang godhone ngrembuyung iku, Ki Ageng wiwit paring pitakonan marang muride mau :

KADS : He putuku ngger Darmo! ingsun bakal mundhut prikso marang  jeneng para, mungguh opo to Sahadat iku ngger?

DS : Sahadat  menika ngucapaken paseksen bilih mboten wonten Pangeran kejawi namung  Gusti Allah, lan nyekseni bilih Kanjeng Nabi Muhammad menika utusanipun Gusti Allah.

KADS : mungguh opo wohing syahadat?

DS      : Wohipun syahadat menika kita kedah sumurup, bilih kita menika wakilipun Gusti Allah ing madya pada utawi tajalinipun, liripun tindak tanduk, budi lan pakerti, kedah jumbuh kaliyan sifat soho apengalipun Gusti kanthi nuladha  akhlak -ipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

KADS  : Terus opo bontosing syahadat

DS        : Pinanggihipun  kawula lan Gusti, kados kula lan penjenengan ing wekdal punika.

KADS : Opo siro wus mangan telu telune

DS      : Dereng bapa

KADS : saiki ingkang kaping pindho, sholat kuwi opo?

DS      : Sholat menika tata cara manembahipun tiyang islam Dumateng Gusti Allah.

KADS : Wohe sholat iku opo?

DS : Inna sholata tan ha ‘anil fasya’i wal munkar, sholat menika nyegah tumindak  ingkang nistha lan tumindak piawon ingkang kasat netra, contonipun MOLIMO.

KADS  : banjur opo hakekate sholat

DS        : Sholat menika sejatosipun sarono kanggeh sebo dumateng Gusti, kados dene kula lan penjenengan menawi badhe kesah ingkang tebih tentu mbetahaken turangga menapa dene Kreta. Tiyang ingkang sholatipun rubuh rubuh gedhang sami kemawon kaliyan tiyang ingkang kagungan kuda lan kreto ananging mboten mangertos cara nitihipun. Tiyang ingkang sampun saget sholat saestu, wonten ing sakjroning sholat badhe lumebet lan manjing ing Rahsaning Gusti.

KADS : Apa kowe wis ngrasaake tetelune?

DS        : Alhamdulillah, nembe nyinau Bapa!😛

KADS  : Bagus ngger kowe jujur karo awakmu dhewe, saiki pitakonku ingkang pungkasan. Lha opo kuwi poso, zakat lan munggah kaji??

DS    : Siyam menika ngampet  saha cegah dahar , ngunjuk lan guling. tujuanipun ngasoraken hawa nepsu ingkang awon hakekatipun ngampet sedaya tumindak ingkang mboten sae ing saben dintenipun, siyam ugi saget pun umpameaken lerak kagem reresik kokot bolot ing sakranduning badan. Menggah zakat menika ngedalaken sebagian mas picis raja brana miturut syariating agami, menggah tujuanipun nglatih keikhlasan, sejatosipun zakat menika tanpo watesan, sinten ingkang ikhlasipun sampun inggil badhe maringaken sedaya ingkang dipun gadahahi murih sentosanipun liyan utawi ngasanes. Dados zakat menika ukuranipun tingkat ikhlas kita sedaya, lha zakat ingkang paling utami menika sok sinteno ingkang saget paweh kawruh ingkang mingunani kagem gesang ing ndonya lan ing alam kelanggengan, kawruh sejati menika biasanipun lumatar wangsit, ilham lan sakpiturutipun, saget ugi winastan ilmu mukasyafah utawi ilmu laduni. Ingkang pungkasan, ing kang kasebat kaji menika injih puncakipun ma’rifat, titah ingkang sapun mangertos awal – akhir, zahir -kabir, ikhlas lego lilo ndonya akherat. Sampun mboten kepincut brana picis,wanita lan kuasa, ingkang sampun dipun gambaraken ing baju ihram, sampun sumadya katimbalan dening Gusti kapan kemawon. Dados Haji menika sejatosipun kahananipun ati menungso, sanes tindak dateng arab. Menawi pemanggih kula, tindak dateng arab menika intinipun napak tilas, lha ing mriku kathah sasmita sasmita ingkang kedah pun sumurupi teges lan hakekatipun sahingga nuwaheken seserapan lan kesadaran sakkonduripun saking minggah kaji kalawau.

KADS  : Lha terus piye, opo ono wong diarani kaji nanging ora ndadak lunga neng arab.

DS      : Menawi pemanggih kula njih wonten, amargi hakekatipun haji menika kahanan utawi suasana batosipun manungso. Haji menika sempurnaning iman lan islam, tetiyang ingkang sampun manunggal kaliyan Gustinipun.

KADS  : Lha opo kowe wis rumangsa dadi kaji?

DS         : waduh bapa, miturut pemanggeh kula tiyang ingkang sampun kaji sejati menika mboten badhe rumaos, awit menawi maksih kagungan rumangsa ateges maksih takabur, utawi taksih gadah sifat adigang adigung. Jujur kemawon kula menika taksih rumaos kadya tiyang wuta ingkang mrambat-mrambat ing latri kang peteng ndedet.

KADS  : Yen ngono ngger, siro munggaho neng puncaking Gunung Jati, nenepio ojo pati pati bali yen durung purna anggeniro lelaku.

Sakbanjure Ki Dharmo Supono nuli nyuwun pangestu marang gurune lan uga pamit marang para sekabate kabeh, sigra mateg aji sepi angin nggedruk bumi kaping telu, plass ngambah jumantara tumuju marang puncak ing Gunung Jati, jroning galih ora bakal bali kalamun durung kelakon opo kang sinedyo.

Maturnuwun.